Senin, 09 Mei 2011

Tembang Dolanan

Tembang kanthi lelagon bebas iku biasane diarani lelagon utowo lelagon dolanan. Biasane lelagon dolanan nganggo basa lan sastra kang gampang (sederhana )serta endah. isine ngemu piwulang sindiran, dolanan utawa kala mangsa angel dimangerteni karepe (isine ).
Tembang Dolanan biasane ditembangake dening bocah karo jejogetan lan kala mangsane digameli.


Tuladha/contoh :


Gajah-gajah
Slendro Manyura

Gajah gajah kowe tak kandani 
mripat kaya laron kuping gede kaya ilir
kathik nganggo tlale
buntut cilik tansah kopat kapit
sikil kaya bumbung
mung lakumu megal megol



Kupu Kuwi


Kupu kuwi tak cekelé (incupé)
Mung aburé ngéwuhaké
Ngalor ngidul
Ngétan bali ngulon

Mrana mréné ing saparan paran

Mbok yo mencok tak encupe
Pencak pencok  cégrok 

Banjur mlabur bleber (Sapa bisa ngicupaké)

Ande – Ande Lumut
Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane

Klenthing Abang iku kang dadi asmane
Adhuh, Ibu, kula dereng purun
Adhuh, Ibu kula mboten mudhun
Nadyan ayu sisane si Yuyu Kang-kang

Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane

Klenting Ijo iku kang dadi asmane
Adhuh, Ibu, Ibu sampun meksa
Kang putra taksih dereng kersa
Amargi putra taksih nandhang asmara

Adhuh, Ibu, kula dereng purun
Adhuh, Ibu kula mboten mudhun
Nadyan ayu sisane si Yuyu Kang-kang

Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane

Klenthing Kuning iku kang dadi asmane
Adhuh, Ibu, kula inggih purun
Kang putra inggih badhe mudhun
Nadyan ala punika kang putra suwun


Tembang dolanan gajah Belang 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar