Senin, 09 Mei 2011

Tembang Pangkur

Pangkur iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak semangat, cocog kanggo paring pitutur kanthi sereng.tembang pangkur karipta dening Sunan Muryapada
Dudu Tembang Pangkur
Pranata Praja Jawa Kuna
Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijine pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora entuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga dening para arkeolog, yen mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajek.
Desa ing Tumapel
Yen dideleng ing crita Ken Arok utawa Ken Angrok, ana desa kang dadi asale Ken Endok, yaiku desa Pangkur. Ing desa iki Ken Arok nglakoni jaman cilike.
Tumpeng
Ana salah sijine tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawe yen ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa menyang kuburan.
Metrum: Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait).
  • 8 – a, 11- i, 8 – u, 7 – a, 12- u, 8 – a, 8 – i
Tuladha
Sekar Pangkur kang winarna
lelabuhan kang kanggo wong aurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
miwa ingkang tatakrama
den keesthi siyang ratri
Bagi yang ingin mendengarkan tembang pangkur silahkan download di bawah ini :  
Tembang Pangkur Laras Slendro
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar